Paseban Jati

0
Kidung Rumekso Ing Wengi

Kanjeng Sunan Kalijogo

Ono kidung rumekso ing wengi
Teguh hayu luputo ing loro
Luputo bilahi kabeh
Jin setan datan purun
Paneluhan tan ono wani
Miwah panggawe olo
Gunaning wong luput
Geni atemahan tirto
Maling adon tan ono ngarah ing mami
Guno duduk pan sirno

Sakehing loro pan samyo bali
Sakeh ngamo pan sami mirudho
Welas asih pandulune
Sakehing brojo luput
Dadi kapuk titahing wesi
Sakehing wiso towo
Sato galak lulut
Kayu aeng lemah sangar
Singing landhak guwaning wong
Lemah miring myang pakiponing merak

Pagupakaning wara sakalir
Nadyan arco myang segoro asat
Temahan ragayu kabeh apan sariro ayu
Ing deran kang widodari
Rinekso malaekat
Lan sagung poro rosul
Pinayungan ing hyang sukma
Ati adam uteku baginda esis
Pangucapku yo musa

Napasku nabi ngisa linuwih
Nabi ya'kub pamiyarsaning wong
Daud suworoku mangke
Nabi brahim nyowoku
Nabi sulaiman kesakten mami
Nabi yusuf rupeng wong
Edris ing rambutku
Baginda ngali kuliting wong
Abu bakar getih, daging ngumar
Singging balung baginda ngusman

Sungsum ingsun patimah linuwih
Siti aminah bajuning onggo
Ayub ing ususku mangke
Nabi nuh ing jejantung
Nabi yunus ing otot mami
Netraku yo muhammad
Pamuluku rosul
Pinayungan adam howo
Sampun pepak sakathahe para nabi
Dadyo sariro tunggal



Posting khusus Syariat, Tariqat, Hakikat, Makrifat, silahkan kunjungi:

http://sufipedia.blogspot.com
Visit Sufipedia

Jangan lupa dukung Mistikus Channel Official Youtube Paseban Jati dengan cara LIKE, SHARE, SUBSCRIBE:





http://paseban-jati.blogspot.co.id/p/donasi.html
Visit Donasi Paseban Jati

Anda sedang membaca artikel Yang Berjudul Kidung Rumekso Ing Wengi. Jika menurut Anda Kidung Rumekso Ing Wengi bermanfaat mohon bantu sebarkan. Untuk menyambung tali silaturahmi silahkan tinggalkan komentar sebelum meninggalkan Paseban Jati. Jika ingin bergabung menjadi anggota Paseban Jati, silahkan klik DAFTAR. Terima kasih.
Sudah berapa lama Anda menahan rindu untuk berangkat ke Baitullah? Melihat Ka’bah langsung dalam jarak dekat dan berkesempatan berziarah ke makam Rasulullah. Untuk menjawab kerinduan Anda, silahkan klik Mubina Tour Indonesia | Follow FB Fanspages Mubina Tour Indonesia - Sub.

Post a Comment Blogger Disqus

 
Top